Minggu, 28 April 2013


Ilanging Katresnan 

Petenge ndhedhet kepati ndayani nyenyete wengi kang sepi
Angin kang sumribit tumempuh sagunging uwit 
Paseksen sambatku tumekeng sundhul nglangit

Pagene hyang manon tan sung pitutur
Mring titah kang nuju kuwur
Kramean karasa samun
Lair mesem ngguyu
jroning batin tansah muwun

tresnane jebul amung nggege mangsa 
katiyub samirana sakala sirna
kebak setya janji kang ora tumus tekaning ati
Kang nandur katresnan kekemulan kadurakan
Ilining banyu reged bisa njilma minangka manising madu.