Rabu, 12 Juni 2013

Jemparing Asmara

Pungun-pungun sakedheping netra
Nyawang endahing wanita sulistya
Ingkang lungguh ijen aneng pinggiring samudra
Bebarengan sang surya wus gumlewang ing cakrawala

Soroting surya mimbuhi kasulistyaning rupa

Sumiliring angin mimbuhi rasa sengsem
Rikma lukar angembang bakung

Tumoleh miwah ambalang liring 

Geter rasaning tyas brol ponang riwe
Sun wales ngincangake alis
Weninging tirta tlaga kaya dene segara madu
Dangu-dinangu sun caketi
Jebul pinandeng datan mboseni


Saya ora kuwagang anggonku ngampet tresna
Jemparing asmara kaya wus tumancep jajaku

Lon-lonan sun angendika
Wong ayu, sun kepingin karonsih lan awakmu.

Rabu, 22 Mei 2013

kesederhanaan


Mungkin kau terbaik...kau terlugu...kau terindah.....
sedangkan aku. . . .??
apalah artinya aku. . . .???
aku hanyalah s'ekor yg dungu...jelek...bahkan menjijikan,
mungkin sprti k'kharaman yg hrs d'jauhi.
"T.A.P.I"
aku bahagia, bahkan tersenyum pernah memiliki k'indahan itu walau hanya sesaat.
aku bisa raskan smua cinta & k'sderhna'n. . . .
namun kini aku sadar, aku bukanlah pmilik k'indhan itu...
msti air mta Q cucurkn, untk k'indhan yg t'pnah Q mliki. . .
msti skit Q rsakan, tuk seorng yg t'bisa Q dpati....
tapi hati t'bsa pngkiri...hti nie msih mncntai . . .
NAMUN....'
Q hrus sdari, Q hrus hdpi smua yg t'dapat menjdi SATU....

Selasa, 21 Mei 2013

Asmaradana (sandi asma)

GETun carub lan sungkawa

NUlad sangsaraning klawarga iki


Anggrantes rasaning kalbu


GUSti enggal tulunga


LEStari rahayu minangka dongaku


nganTiYO puputing yuswa


NOra kendat ingsun memuji

Selasa, 14 Mei 2013

Kogel

jebul kaya ngene dadine lelakon iki
bnget gonmu murang tata
mentala ngorak-arik jagadku
aku ora nduwa uga ora ngira

sing duwe tresna jebul pada nyimpen wisa
kasetyan wus nora guna
jagad wus kelangan kabecikan 
koncatan rasa adi

urip ora pada golek pepadang
kepara demen natoni atining liyan

Rabu, 08 Mei 2013

IMPEN SEJATI


Tidhem premanem tan ana sabawa swara

Ngelangut nyamut-nyamut mulat lelakon kang sinandang

Tumungkul sakehing duhkita lir sekar anglayung

Sumarah ing karep sumeleh ing pamikir

Nyaketake diri marang Hyang Widhi



Lumantar sumiliring angin wengi

Sun ngreronce sekabehing impen sejati

Nggugah ati nyirnake rasa duhkita

Ingkang tansah nggubel jroning nala

Anuju papan kang dadya gegadhangan

Muga den enggal binuka korining kabagyan.

Minggu, 28 April 2013


Ilanging Katresnan 

Petenge ndhedhet kepati ndayani nyenyete wengi kang sepi
Angin kang sumribit tumempuh sagunging uwit 
Paseksen sambatku tumekeng sundhul nglangit

Pagene hyang manon tan sung pitutur
Mring titah kang nuju kuwur
Kramean karasa samun
Lair mesem ngguyu
jroning batin tansah muwun

tresnane jebul amung nggege mangsa 
katiyub samirana sakala sirna
kebak setya janji kang ora tumus tekaning ati
Kang nandur katresnan kekemulan kadurakan
Ilining banyu reged bisa njilma minangka manising madu.